Hosting Unlimited Indonesia
Tempat simpan file GRATIS

contoh mc

ASSALAMU'LAIKUM WR.WB


Engkang kito hormati panjenenganipun Al-Mukaron ……………..


Engkang kito hormati ……………………………..


Hadirin wal hadirot Rokhimkumulloh




Sepindah monggo kito aturaken raos puji syukur kito dumateng Allah SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing majlis Pengaosan Selapanan puniko kanti tansah pinaringan sehah wal afiyah amin ya robbal 'alamin.


Kapeng kalehipun sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW engkang tansah kito antu-antu syafa'atipun benjang wonten ing yaumil qiyamah.




Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Sakderengipun acoro dipun wiwiti, kawulo ing mriki minangkani pambagi adicoro wonten eng wedal dalu puniko bade amaosaken runtutaning adixoro wonten ing majlis pengaosan puniko.


Sepindah PAMBUKO


Kapeng klihipun waosan Ayat-ayat Suci Alqur'an


Kapeng tigo inggeh puniko sambutan-sambutan


Adicoro kapeng sekawan inggeh puniko Tahlil


Sak lajengipun adicoro kapeng gangsal Istirohah


Dene sak lajengipun inggeh puniko adicoro inti Muidzoh Hasanah soho penutup




Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Meniko wau runtuteng adixoro wonten eng wedal dalu puniko.


Monggo adixoro wonten ing wedal dalu puniko kito buko sesarengan kanti waosan ummul kitab


LIRIDLO ILLAH, WA LI SYAFA'ATI ROSULILLAH,,,,ALFATIHAH


Mugi2 adicoro wonten wedal dalu puniko waged lancar amin.




Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Adicoro engkang ongko kaleh nun inggeh waosan ayat-ayat suci Alqur'an dumateng panjenenganipun ……. Wedal soho panggenan kawulo sumanggaaken




SHODAQOLLOHUL'ADZIM 3x mugi2 waosan ayat2 suci alqur'an kolo wau manfaat khususipun dumateng engkang maos, lan umumipun dumateng kito sedoyo amin.


Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Kalajengaken adicoro engkang kapeng tigo inggeh puniko sambutan-sambuan, sambutan engkang sepindah bade pun aturaken deneng Takmir masjid, dumateng …. Wedal soho panggenan kawulo aturaken.




MATURNUWUN kawulo aturaken, kalajengaken sambutan engkang ongko kaleh enggih puniko sakeng Bpk Kepala Desa, dumateng panjenengannipun …………… wedal soho panggenan kawulo aturaken.




MATUR NUWUN kawulo aturaken.


Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Kalajengaken adicoro engkang kapeng sekawan inggeh puniko waosan kalimah toyyibah tahlil engkang bade dipun pimpin deneng panjenenganipun ………………. Dumateng panjenganipun wedal soho panggenan kawulo sumanggaaken.




MATURNUWUN kawulo aturaken, mugi2 waosan kalimah toyyibah tahlil kolo wau wagedtho dadosaken Allah pareng pangapuro khususipun dumateng Ahli kubur kulo lan panjenengan sedoyo lam umumipun pareng pangapunten dumateng kito sedoyo amin.




Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Adicoro sak lajengipun inggeh puniko Istirohah




Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh


Adicoro istirohah kito cekapi semanten, kalajengaken adicoro inti inggih puniko MAUIDZOH HASANAH sarto Panutup/Doa sakeng panjenenganipun Bpk ……………. , anangen sakderengipun adicoro inti dipun wiwiti, kawulo ing mriki minangkani pambagi adicoro, mbok bileh wonten kasar sarunipun anggen kawulo matur,tumpang suh ipun anggen kawulo matur kawulo nyuwun agungeng seh samudro pangarsami dumateng poro rawuh sedoyo. Sakeng kawulo. kawulo ahiri BILLAHITAUFIQ WAL HIDAYAH WASSALAMU'ALAIKUM WR WB


Dumateng panjenenganipun ……………………. Wedal soho panggenan kawulo sumanggaaken.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo komentar wonten mriki(silahkan berkomentar disini)